Sabtu, 26 Maret 2011

PURWAKANTHI

PURWAKANTHI
PURWAKANTHI diudhal saka tembung PURWA lan KANTHI.
PURWA tegese yaiku kawitan utawa ngarep, KANTHI tegese yaiku gandheng, runtut, rujuk.
PURWAKANTHI tegese yaiku runtute suara, sastra utawa basa sing ana ngarep karo samburine. Utawa PURWAKANTHI tegese yaiku gandhenge suara mburi karo suara kang wis kacetha ana ing ngarep.
PURWAKANTHI kagolongake dadi telu ( 3 ) werna :
1. Purwakanthi guru suara / swara. 3. Purwakanthi guru basa / lumaksita
2. Purwakanthi guru sastra
a. Purwakanthi Guru suara yaiku tinemu rujuking swara / vokal antarane swara siji lan sijine utawa menawa kang runtut swarane utawa ( huruf vokale ).
Tuladha :
1. Sing sapa kepengin luhur, kudu jujur ( ur, ur )
2. Ora susah eman-eman, mundhak ora keduman ( an, an )
3. Gemi setiti ngati-ati ( i , i )
4. Ora uwur, ora sembur ( ur, ur )
b. Purwakanthi Guru sastra yaiku tinemu rujuking sastrane utawa konsonane utawa menawa kang runtut sastrane utawa ( huruf konsonane ).
Tuladha :
1. Pak Kreta tuku kretu liwat kreteg kretasana. ( kre )
2. Kala kula kelas kalih kalung kula kolang-kaling. ( k )
3. Bobot, bibit, bebet ( b, t )
4. Sluman, slumun, slamet. ( sl )
c. Purwakanthi Guru basa utawa guru lumaksita yaiku :Lumaksita tegese lumaku, tembung-tembunge utawa ukarane mburi runtut karo tembung-tembung ngarepe. Runtute tembung ora mesthi satembung wutuh, kadhangkala mung seperangan, sebagian, sesuku kata, utawa sewanda wae. Purwakanthi Guru basa utawa guru lumaksita yaiku : menawa kang runtut basane utawa tetembungane.
Tuladha :
1. Witing klapa, klapa mudha saumpama
2. Bayem ardha, ardhane ngrasuk busana.
3. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
Paedahe Purwakanthi iku bisa mbecikake ukara utawa kalimat, bisa ngepenakake swara lan bisa ngalusake rasa. Lewih-lewih yen purwakanthi telu mau diracik utawa dienggo bebarengan bisa nuwuhake ( menimbulkan ) reseping rasa, sebab purwakanthi iku dadi busanane basa.


22. Purwakanthi
Guru Swårå
01. Ånå awan, ånå pangan.
02. Ngalah, nanging olèh.
03. Sing salah, kudu sèlèh
04. Becík, ketitik, ålå ketårå
05. Síng wèwèh, bakal pikolèh.
06. Adigang, adigúng, adiguna.
07. Inggah-inggih, ora kêpanggih.
08. Ciri wanci, lêlai ginåwå mati.
09. Déså måwå cårå, negårå måwå tåtå.
10. Witíng tresnå, jalaran såkå kulinå.
11. Giri lungsi, jalmå tan kenåa inginå.
12. Yèn mênang, åjåa njur sewenang-wenang.
13. Ånå bungah, ånå susah iku wis lumrah.
14. Síng gêlêm ngalah, bakal luhur wêkasané.
15. Yèn kråså énak, åjå njur lali anak, lali bojo, lali
tånggå, lali kåncå.
Guru Sastrå
01. Tåtå titi tútúg tatag, tanggúng têrtib.
02. Åjå dhêmen mêmada, dhatêeng sapadhaning dumadi.
03. Tabêri nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi.
04. Wóng jejodhohan kudu ngelingi : babat, bibit, bobot,
bêbêt.
05. Rurúh, rèrèh, ririh ing wewarihipún, mrih rêsêpíng
pårå muyarsi.
06. Ing ngarså sung tulådhå, ing madyå mangun karyå,
tutwuri handayani
07. Tarti tåtå-tåtå, até mêtu turút ratan, diutus tuku tahu
témpé dhuwít kertas telúng atús.
08. Tindak tandúk lan tutúr kang kalantúr, katulå tulå katali,
bakal kacatúr, katutúh, kapatúh pan dadi awón.
09. Sluman slumun slamet, Salamún nyemplúng kali plung
slulúp slêlêp slêlêp olèh slêpèn isi klóbót, njumbúl bul
klambine têlês blês.
10. Kålå kulå kêlas kalih, kulå kulak kalo kalih kuli-kuli
kulå, kalo kulå kèli kilèn kulå, kalo kula kompal
kampul, kulå kelap-kelip kålå-kålå kêlang kêling.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar