Sabtu, 26 Maret 2011

PARIKAN / PANTUN

A. PARIKAN / PANTUN

PARIKAN ing basa indonesia diarani pantun :
yaiku unen-unen kang mengku paugeran / pathokan utawa ikatan, kayata :
a. Kedadeyan saka 2 ( rong gatra ) utawa 4 ( patang gatra )
b. Gatra kepisan minangka bebuka / purwaka
c. Gatra kepindho minangka isi utawa inti
d. Nggunakake purwakanthi swara

Tuladha parikan rong gatra :

a. Godhong jati, godhong nangka : minangka bebuka
Kudu ngerti marang wong tuwa : minangka isi utawa inti

b. Si Belo nusu jaran : minangka bebuka
Sapa bodho kasengsaran : minangka isi utawa inti

c. Tuku piring dhuwite pas-pasan : minangka bebuka
Kudu eling urip ing dunya mung sepisan : minangka isi utawa inti

Tuladha parikan patang gatra :

a. Tuku kacang karo lembayung
Tuku emping digawe apa : Minangka bebuka

Nek berjuang aja golek untung
Elinga nasibe bangsa : Minangka isi utawa inti

b. Sega punar lawuhe empal
Segane penganten anyar : minangka bebuka

Dadi murid aja nakal
Kudu ulah ati sabar : minangka isi utawa inti

c. Gathutkaca gambare wayang
Abimanyu ora bisa mabur : Minangka bebuka

Ayo kanca padha sembahyang
Kanggo sangu ing alam kubur : Minangka isi utawa inti


Carane gawe parikan :
a. Ngarang ukara kang dadi wose utawa intine
b. Ngarang ukara kang kanggo purwaka / pembuka

TAFSIRAN HURUF JAWA

ARTI/MAKNA HURUF JAWA

1. Ha : Hana urip wening suci :
Adanya hidup adalah kehendak dari yang maha suci
2. Na : Nur candra, gaib candra, warsitaning candra :
Pengharapan manusia hanya selalu ke sinar ilahi( Alloh SWT )
3. Ca : Cipta wening, cipta mandulu, cipta dadi :
Satu arah dan tujuan pada Yang Maha Tunggal ( Alloh SWT )
4. Ra : Rasa ingsun handulu sih :
Rasa cinta sejati muncul dari cinta kasih nurani
5. Ka : Karsaningsun memayuhayuning bawana :
Hasrat di arahkan untuk kesejateraan alam
6. Da : Dumadining dzat kang tanpa winangenan Menerima hidup apa adanya
7. Ta : Tatas, tutus, titis, titi lan wibawa :
Mendesak, totalitas, satu visi, ketelitian dalam memandang hidup
8. Sa : Sifat ingsun handulu sifatulloh :
Membentuk kasih sayang seperti kasih Tuhan
9. Wa : Wujud hana tan kena kinira Ilmu manusia hanya terbatas
10. La : Lir handaya paseban jati :
Menglirkan hidup semata pada tuntunan ilahi
11. Pa : Papan kang tanpa kiblat:
Hakekat Allah yang ada di segala arah
12. Dha : Dhuwur wekasane endhek wiwitane :
Untuk bisa di atas tentu dimulai dari dasar
13. Ja : Jumbuhing kawula lan gusti Allah :
Selalu berusaha menyatu, memahami kehendak-Nya
14. Ya : Yakin marang samubarang tumindak kang dumadi
Yakin atas titah/kodrat Alloh
15. Nya : Nyata tanpa mata, ngerti tanpa diwuruki :
Memahami kodrat kehidupan
16. Ma : Madhep mantep manembah mring Alloh :
Yakin, mantap dalam menyembah Alloh
17. Ga : Guru sejati sing muruki :
Belajar pada guru nurani
18. Ba : Bayu sejati kang andalani :
Menyelaraskan diri pada gerak alam
19. Tha : Thukul saka niat :
Sesuatu harus dimulai, tumbuh dari niatan / niat
20. Nga : Ngracut busananing manungsa :
Melepaskan egoisme pribadi, manusia

disunting dari :
www.kyaimbeling.wordpress.com/aji-saka/

Kepengurusan Ro'is Syuriyah NU Periode Tahun 2010-2015

Kepengurusan NU periode 2010-2015 akhirnya terbentuk setelah menyelesaikan rapat formatur pada 12 April 2010 di Kajen, Pati, Jawa Tengah. Berikut jajaran pengurus PBNU yang dibacakan Ketua Umum PBNU KH Said Aqil Siradj didampingi Rais Am KH Sahal Mahfudh:
Kepengurusan Rais Syuriyah PBNU 2010-2015
Rais Aam : Dr KH Sahal Mahfudh
Wakil Rais Am : KH A Mustofa Bisri
Rais : KH Habib Lutfi bin Hasyim bin Yahya
Rais : KH A.G.H Sanusi Baco
Rais : Dr KH Hasyim Muzadi
Rais : KH Masduqi Mahfudh
Rais : KH Hamdan Kholid
Rais : KH Masdar F Mas'udi
Rais : KH Mas Subadar
Rais : Prof Dr H Machasin
Rais : Prof Dr KH Ali Mustofa Yakub
Rais : Prof Dr H Artani Hasbi
Rais : KH Ibnu Ubaidillah Syatori
Rais : KH Saifuddin Masir, MA
Rais : KH Adib Rofiuddin Izza
Rais : KH Ahmad Ishomuddin, M.Ag
Katib Aam : Dr KH Malik Madani, MA
Katib : Drs KH Ichwan Syam
Katib : KH Mustofa Aqil
Katib : KH Kafabihi Mahrus Ali
Katib : KH Yahya Staquf Cholil
Katib : Drs. H. Shalahuddin Al-Ayyubi, MSi
Katib : Afifuddin Muhajir
Katib : H Mujib Qolyubi M.Hum
Pengurus Tanfidziyyah PBNU 2010-2015
Ketua Umum : Dr KH Said Aqil Siroj, MA
Waketum : Drs H As'ad Said Ali
Ketua : Drs H Slamet Effendy Yusuf, MSi
Ketua : KH Hasyim Wahid Hasyim (Gus Im)
Ketua : KH Abbas Muin, MA
Ketua : Drs H Muh. Salim al-Jufri
Ketua : Prof Dr. H Maksum Mahfudz
Ketua : Prof Dr. Maidir Harun
Ketua : Drs. H. Syaifullah Yusuf
Ketua : Drs. M. Imam Aziz
Ketua : Drs. H Hilmi Muhammadiyah
Ketua : Drs. H. Abdurrahman, M.Pd
Ketua : Drs H Arvin Hakim Thoha
Ketua : Dr. KH. Marsudi Syuhud

Aksara Murda, Swara, Rekan lan Angka Jawa

AKSARA MURDA, AKSARA SWARA, AKSARA REKAN LAN ANGKA JAWA (5)
Tata panulise aksara Jawa katrangan ing ngisor iki
AKSARA MURDA

1. Murda = sirah (Walanda = hoofd, Inggris = head)
Aksara murda = aksara sirah, aksara sesirah (Walanda : hoofdletter, Inggris : capital).Aksara murda iku satemene ORA ANA. Wondene kang lumrahe diarani aksara murda, utawa kang DIANGGEP minangka aksara murda iku sejatine AKSARA MAHAPRANA, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara alpaprana, yaiku aksara kang kudu diucapake lumrah (kanthi abab sathithik)
2. Cacahe aksara murda (kang DIANGGEP aksara murda ) ana wolu, yaiku :

Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba.
3. Saben aksara Murda ana pasangane.
Aksara Ca ora ana murdane , nanging pasangane ana , nanging saiki wis ora kanggo
Aksara murda ing jaman saiki uga wis ora kanggo.

4. Aksara murda mung kanggo ing tata prunggu, tegese kanggo pakurmatan.
Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda.
Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur, jejuluke lan pedunungane minangka pakurmatan. Tuladhane, kayata:
Kanjeng SuSuhunNan PaKu BuwaNa ing SuraKarta HadiNingrat
Dewi SinTa putrane putri PraBu JaNaKa raTu nagara manTili kagarwa PraBu Rama.
5. Saiki jaman demokrasi .
Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane , katulis nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane , ya aksara burine ; yen burine ora ana murdane, ya burine maneh. Tuladhane, kayata :
Dipaprawira, Mas Sudarsana, Prawiramartaya, Raden Burham, Bu guru Nurratri, Raden Ajeng KartiniPak Mantri Aripin Raseksi Trijatha.
Mung tembung “Gusti Allah” lumrahe aksara murda saanane ditulis kabeh, mangkene : GusTi Allah


AKSARA SWARA

1. Aksara swara iku sejatine mung ana lima.

Ananging aksara : Pa dicerek, dadi lelirune re, Nga dilelet, dadi lelirune le
Kalebu aksara swara, mulane banjur ana sing ngarani yen cacahe aksara swara ana pitu. Bab iku salaras karo kawruh sangkalan, tembung swara dianggep darbe watak wilangan pitu.
Panganggone aksara swara pa cerek lan nga lelet
rega ,rena, resik, marem, aremarem, marem, sarem, karep, pambarep, sareng, wulan Rejeb, angsal rejeki, katon regeng, sanget remen, dipun remet, damel rempeyek

gelem, pelem, lembut, lemah, adol lenga, pelem legi, boten lenggah

2. Gunane aksara swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, kayata :
Agustus, Ibrahim, Espres
Oktober, Usman, Inggris

3. Aksara swara ora kena dadi pasangan.
Manawa dumunung ing saburine wanda sigeg, aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku. Wondene aksara swara pa cerek dadine pasangan katulis jejer karo aksara kang dipasangi; aksara swara nga lelet dadine pasangan katulis ing sangisore aksara kang dipasangi; mesthi bae pasangane pepet dumunung ing sadhuwure aksara kang dipasangi.
Wulan April, Pak Idris, Pangkat Opsihter, malem Rebo, Mas Umarsaid,mangan lepet
4. Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara.
5. Tembung manca kang ora dicethakake, luwih-luwih tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup yen iku tembung manca, lumrahe katulis tanpa aksara swara. Tuladhane kayata tembung Sangsekerta “aksara” lumrahe mung katulis

AKSARA REKAN
1. Aksara rekan cacahe ana lima, yaiku : kh, dz, f, z, gh

Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae.
Tuladhane kayata :
Khatib yen ora dicethakake katib
Dzikir yen ora dicethakake dikir
Faham yen ora dicethakake paham
Zakat yen ora dicethakake jakat
Ghoib yen ora dicethakake gaib
2. manawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajroning pepet; dene yen karaketan sandhangan wulu, layar utawa cecak , cecake telu dumunung ing sisih kiwa, sandhangan wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen. Tuladhane :
fitrah, farlu, dwifungsi, firman
3. kajaba aksara rekan f kang wujuding pasangane pa cecak telu aksara rekan ora kena dadi pasangan. Manawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg, sesigeging wanda iku kudu dipangku. Tuladhane :
sampun faham, saweg dzikir, zakat fitrah, sumerep ghaib.
K+ F+ P+ J+ G+
Kha Dza Fa Za Gha
ANGKA JAWA
1. Angka Jawa siji tekan sanga sarta dasa, wujude mangkene :
1 2 3 4 5 6 7 8 9 0
1 2 3 4 5 6 7 8 9 0
1 = aksara ga
2 = aksara nga dilelet
3 = aksara nga dipengkal
4 = aksara ma miring
5 = aksara ma kurung
6 = aksara E – kara
7 = aksara la
8 = aksara pa murda
9 = aksara ya
0 = bunderan (Indonesia : nol)
2. Sarehning angka Jawa iku awujud aksara Jawa , supaya ora mbingungake , panulise kudu dipisah karo aksara Jawa kang dumunung ana ing sakiwa tengene . Srana kang dienggo misah iku pada pangkat, mulane angka Jawa diapit-apit ing pada pangkat. Tuladhane :
? s t au n\ [ wo nTe n\ ; 12 ; wu l n\ .
sa ta hu n wo nte n ; 12 ; wu la n :
Sataun wonten :12: wulan.
? s wu l nPunik ; 30; fi nTen\ .
Sa wu la n pu ni ka ; 30 ; di nte n .
sawulan punika :30: dinten.
t au nM [ s ai s pu ni k ; 2 0 1 0 ;
ta hu n ma se hi sa pu ni ka ; 2 0 1 0 ;
Taun Masehi sapunika :2010
3. Manawa ing saburine angka Jawa ana pada lingsa utawa lungsi , ing saburine angka iku banjur tanpa pada pangkat. Tuladhane :
?m= k [t j m\; 7, mu li [ a j m\ ; 1 0 .
Mang ka te ja m ; 7 , mu li he ja m ; 10 .
Mangkate jam :7, mulihe jam :10
Putrane pak Guru :3, wayahe :8.
pu t] [ a p k|G ru ; 3 , w y [ a ; 8 .
pu tra ne pa k gu ru ; 3 , wa ya he ; 8 .
Murid SMP ing sekolahanku :294, wadone :106
murif\
Diposkan oleh Pak Ugeng di 16.49
Kirimkan Ini lewat Email BlogThis! Berbagi ke Twitter Berbagi ke Facebook Berbagi ke Google Buzz
Label: 13 TATA TULIS AKSARA JAWA, Aksara Murda, Aksara Rekan, Aksara Swara, Angka Jawa

TAFSIRAN HURUF JAWA

ARTI/MAKNA HURUF JAWA
No Jenis Aksara Arti/ Makna
Jawa Latin Jawa Latin
1 a
Ha Hana urip wening suci Adanya hidup adalah kehendak dari yang maha suci
2 n Na Nur candra, gaib candra, warsitaning candra Pengharapan manusia hanya selalu ke sinar ilahi
3 c Ca Cipta wening, cipta mandulu, cipta dadi Satu arah dan tujuan pada yang maha tunggal
4 r Ra Rasa ingsun handulu sih Rasa cinta sejati muncul dari cinta kasih nurani
5 k Ka Karsaningsun memayuhayuning bawana Hasrat di arahkan untuk kesejateraan alam
6 f Da Dumadining dzat kang tanpa winangenan Menerima hidup apa adanya
7 t Ta Tatas, tutus, titis, titi lan wibawa Mendesak, totalitas, satu visi, ketelitian dalam memandang hidup
8 s Sa Sifat ingsun handulu sifatulloh Membentuk kasih saying seperti kasih tuhan
9 w Wa Wujud hana tan kena kinira Ilmu manusia hanya terbatas
10 l La Lir handaya paseban jati Menglirkan hidup semata pada tuntunan ilahi
11 p Pa Papan kang tanpa kiblat Hakekat Allah yang ada di segala arah
12 d Dha Dhuwur wekasane endhek wiwitane Untuk bisa di atas tentu dimulai dari dasar
13 j Ja Jumbuhing kawula lan gusti Allah Selalu berusaha menyatu, memahami kehendak-Nya
14 y Ya Yakin marang samubarang tumindak kang dumadi Yakin atas titah/kodrat ilahi
15 v
Nya Nyata tanpa mata, ngerti tanpa diwuruki Memahami kodrat kehidupan
16 m Ma Madhep mantep manembah mring illahi Yakin, mantap dalam menyembah illahi
17 g Ga Guru sejati sing muruki Belajar pada guru nurani
18 b Ba Bayu sejati kang andalani Menyelaraskan diri pada gerak alam
19 q
Tha Thukul saka niat Sesuatu harus dimulai, tumbuh dari niatan
20 z
Nga Ngracut busananing manungsa Melepaskan egoisme pribadi, manusia
disunting dari :
www.kyaimbeling.wordpress.com/aji-saka/

PURWAKANTHI

PURWAKANTHI
PURWAKANTHI diudhal saka tembung PURWA lan KANTHI.
PURWA tegese yaiku kawitan utawa ngarep, KANTHI tegese yaiku gandheng, runtut, rujuk.
PURWAKANTHI tegese yaiku runtute suara, sastra utawa basa sing ana ngarep karo samburine. Utawa PURWAKANTHI tegese yaiku gandhenge suara mburi karo suara kang wis kacetha ana ing ngarep.
PURWAKANTHI kagolongake dadi telu ( 3 ) werna :
1. Purwakanthi guru suara / swara. 3. Purwakanthi guru basa / lumaksita
2. Purwakanthi guru sastra
a. Purwakanthi Guru suara yaiku tinemu rujuking swara / vokal antarane swara siji lan sijine utawa menawa kang runtut swarane utawa ( huruf vokale ).
Tuladha :
1. Sing sapa kepengin luhur, kudu jujur ( ur, ur )
2. Ora susah eman-eman, mundhak ora keduman ( an, an )
3. Gemi setiti ngati-ati ( i , i )
4. Ora uwur, ora sembur ( ur, ur )
b. Purwakanthi Guru sastra yaiku tinemu rujuking sastrane utawa konsonane utawa menawa kang runtut sastrane utawa ( huruf konsonane ).
Tuladha :
1. Pak Kreta tuku kretu liwat kreteg kretasana. ( kre )
2. Kala kula kelas kalih kalung kula kolang-kaling. ( k )
3. Bobot, bibit, bebet ( b, t )
4. Sluman, slumun, slamet. ( sl )
c. Purwakanthi Guru basa utawa guru lumaksita yaiku :Lumaksita tegese lumaku, tembung-tembunge utawa ukarane mburi runtut karo tembung-tembung ngarepe. Runtute tembung ora mesthi satembung wutuh, kadhangkala mung seperangan, sebagian, sesuku kata, utawa sewanda wae. Purwakanthi Guru basa utawa guru lumaksita yaiku : menawa kang runtut basane utawa tetembungane.
Tuladha :
1. Witing klapa, klapa mudha saumpama
2. Bayem ardha, ardhane ngrasuk busana.
3. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
Paedahe Purwakanthi iku bisa mbecikake ukara utawa kalimat, bisa ngepenakake swara lan bisa ngalusake rasa. Lewih-lewih yen purwakanthi telu mau diracik utawa dienggo bebarengan bisa nuwuhake ( menimbulkan ) reseping rasa, sebab purwakanthi iku dadi busanane basa.


22. Purwakanthi
Guru Swårå
01. Ånå awan, ånå pangan.
02. Ngalah, nanging olèh.
03. Sing salah, kudu sèlèh
04. Becík, ketitik, ålå ketårå
05. Síng wèwèh, bakal pikolèh.
06. Adigang, adigúng, adiguna.
07. Inggah-inggih, ora kêpanggih.
08. Ciri wanci, lêlai ginåwå mati.
09. Déså måwå cårå, negårå måwå tåtå.
10. Witíng tresnå, jalaran såkå kulinå.
11. Giri lungsi, jalmå tan kenåa inginå.
12. Yèn mênang, åjåa njur sewenang-wenang.
13. Ånå bungah, ånå susah iku wis lumrah.
14. Síng gêlêm ngalah, bakal luhur wêkasané.
15. Yèn kråså énak, åjå njur lali anak, lali bojo, lali
tånggå, lali kåncå.
Guru Sastrå
01. Tåtå titi tútúg tatag, tanggúng têrtib.
02. Åjå dhêmen mêmada, dhatêeng sapadhaning dumadi.
03. Tabêri nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi.
04. Wóng jejodhohan kudu ngelingi : babat, bibit, bobot,
bêbêt.
05. Rurúh, rèrèh, ririh ing wewarihipún, mrih rêsêpíng
pårå muyarsi.
06. Ing ngarså sung tulådhå, ing madyå mangun karyå,
tutwuri handayani
07. Tarti tåtå-tåtå, até mêtu turút ratan, diutus tuku tahu
témpé dhuwít kertas telúng atús.
08. Tindak tandúk lan tutúr kang kalantúr, katulå tulå katali,
bakal kacatúr, katutúh, kapatúh pan dadi awón.
09. Sluman slumun slamet, Salamún nyemplúng kali plung
slulúp slêlêp slêlêp olèh slêpèn isi klóbót, njumbúl bul
klambine têlês blês.
10. Kålå kulå kêlas kalih, kulå kulak kalo kalih kuli-kuli
kulå, kalo kulå kèli kilèn kulå, kalo kula kompal
kampul, kulå kelap-kelip kålå-kålå kêlang kêling.

PURWAKANTHI


PURWAKANTHI
PURWAKANTHI diudhal saka tembung PURWA lan KANTHI.
PURWA tegese yaiku kawitan utawa ngarep, KANTHI tegese yaiku gandheng, runtut, rujuk.
 PURWAKANTHI tegese yaiku runtute suara, sastra utawa  basa sing ana ngarep karo samburine. Utawa PURWAKANTHI tegese yaiku gandhenge suara mburi karo suara kang wis kacetha ana ing ngarep.
PURWAKANTHI kagolongake dadi telu ( 3 ) werna :
1.      Purwakanthi guru suara / swara.                        3.  Purwakanthi guru basa / lumaksita
2.      Purwakanthi guru sastra
a.      Purwakanthi Guru suara yaiku tinemu rujuking swara / vokal antarane swara siji lan sijine utawa menawa kang runtut swarane utawa ( huruf vokale ).
Tuladha :
1.      Sing sapa kepengin luhur, kudu jujur    ( ur, ur )
2.      Ora susah eman-eman, mundhak ora keduman          ( an, an )
3.      Gemi setiti ngati-ati      ( i , i )
4.      Ora uwur, ora sembur ( ur, ur ) 
b.      Purwakanthi Guru sastra yaiku tinemu rujuking sastrane utawa konsonane utawa menawa kang runtut sastrane utawa ( huruf konsonane ).
Tuladha :
1.      Pak Kreta tuku kretu liwat kreteg kretasana.              ( kre )
2.      Kala kula kelas kalih kalung kula kolang-kaling.                       ( k )
3.      Bobot, bibit, bebet         ( b, t )
4.      Sluman, slumun, slamet.                       ( sl )
c.       Purwakanthi Guru basa utawa guru lumaksita yaiku :Lumaksita tegese lumaku, tembung-tembunge utawa ukarane mburi runtut karo tembung-tembung ngarepe. Runtute tembung ora mesthi satembung wutuh, kadhangkala mung seperangan, sebagian, sesuku kata, utawa sewanda wae.   Purwakanthi Guru basa utawa guru lumaksita yaiku : menawa kang runtut basane utawa tetembungane. 
Tuladha :
1.      Witing klapa, klapa mudha saumpama
2.      Bayem ardha, ardhane ngrasuk busana.
3.      Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
Paedahe Purwakanthi iku bisa mbecikake ukara utawa kalimat, bisa ngepenakake swara lan bisa ngalusake rasa. Lewih-lewih yen purwakanthi telu mau diracik utawa dienggo bebarengan bisa nuwuhake ( menimbulkan ) reseping rasa, sebab purwakanthi iku dadi busanane basa.