Sabtu, 26 Maret 2011

PARIKAN / PANTUN

A. PARIKAN / PANTUN

PARIKAN ing basa indonesia diarani pantun :
yaiku unen-unen kang mengku paugeran / pathokan utawa ikatan, kayata :
a. Kedadeyan saka 2 ( rong gatra ) utawa 4 ( patang gatra )
b. Gatra kepisan minangka bebuka / purwaka
c. Gatra kepindho minangka isi utawa inti
d. Nggunakake purwakanthi swara

Tuladha parikan rong gatra :

a. Godhong jati, godhong nangka : minangka bebuka
Kudu ngerti marang wong tuwa : minangka isi utawa inti

b. Si Belo nusu jaran : minangka bebuka
Sapa bodho kasengsaran : minangka isi utawa inti

c. Tuku piring dhuwite pas-pasan : minangka bebuka
Kudu eling urip ing dunya mung sepisan : minangka isi utawa inti

Tuladha parikan patang gatra :

a. Tuku kacang karo lembayung
Tuku emping digawe apa : Minangka bebuka

Nek berjuang aja golek untung
Elinga nasibe bangsa : Minangka isi utawa inti

b. Sega punar lawuhe empal
Segane penganten anyar : minangka bebuka

Dadi murid aja nakal
Kudu ulah ati sabar : minangka isi utawa inti

c. Gathutkaca gambare wayang
Abimanyu ora bisa mabur : Minangka bebuka

Ayo kanca padha sembahyang
Kanggo sangu ing alam kubur : Minangka isi utawa inti


Carane gawe parikan :
a. Ngarang ukara kang dadi wose utawa intine
b. Ngarang ukara kang kanggo purwaka / pembuka

Tidak ada komentar:

Posting Komentar