Sabtu, 26 Maret 2011

PURWAKANTHI


PURWAKANTHI
PURWAKANTHI diudhal saka tembung PURWA lan KANTHI.
PURWA tegese yaiku kawitan utawa ngarep, KANTHI tegese yaiku gandheng, runtut, rujuk.
 PURWAKANTHI tegese yaiku runtute suara, sastra utawa  basa sing ana ngarep karo samburine. Utawa PURWAKANTHI tegese yaiku gandhenge suara mburi karo suara kang wis kacetha ana ing ngarep.
PURWAKANTHI kagolongake dadi telu ( 3 ) werna :
1.      Purwakanthi guru suara / swara.                        3.  Purwakanthi guru basa / lumaksita
2.      Purwakanthi guru sastra
a.      Purwakanthi Guru suara yaiku tinemu rujuking swara / vokal antarane swara siji lan sijine utawa menawa kang runtut swarane utawa ( huruf vokale ).
Tuladha :
1.      Sing sapa kepengin luhur, kudu jujur    ( ur, ur )
2.      Ora susah eman-eman, mundhak ora keduman          ( an, an )
3.      Gemi setiti ngati-ati      ( i , i )
4.      Ora uwur, ora sembur ( ur, ur ) 
b.      Purwakanthi Guru sastra yaiku tinemu rujuking sastrane utawa konsonane utawa menawa kang runtut sastrane utawa ( huruf konsonane ).
Tuladha :
1.      Pak Kreta tuku kretu liwat kreteg kretasana.              ( kre )
2.      Kala kula kelas kalih kalung kula kolang-kaling.                       ( k )
3.      Bobot, bibit, bebet         ( b, t )
4.      Sluman, slumun, slamet.                       ( sl )
c.       Purwakanthi Guru basa utawa guru lumaksita yaiku :Lumaksita tegese lumaku, tembung-tembunge utawa ukarane mburi runtut karo tembung-tembung ngarepe. Runtute tembung ora mesthi satembung wutuh, kadhangkala mung seperangan, sebagian, sesuku kata, utawa sewanda wae.   Purwakanthi Guru basa utawa guru lumaksita yaiku : menawa kang runtut basane utawa tetembungane. 
Tuladha :
1.      Witing klapa, klapa mudha saumpama
2.      Bayem ardha, ardhane ngrasuk busana.
3.      Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
Paedahe Purwakanthi iku bisa mbecikake ukara utawa kalimat, bisa ngepenakake swara lan bisa ngalusake rasa. Lewih-lewih yen purwakanthi telu mau diracik utawa dienggo bebarengan bisa nuwuhake ( menimbulkan ) reseping rasa, sebab purwakanthi iku dadi busanane basa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar